Pages

Selasa, Maret 10, 2009

Ketika Cinta Selalu Berlalu


Gusti... Kiye kewulamu pengin ndresula Jane aku ana jatah jodo apa ora sih? Enggane umur wis arep sepertelon abad esih pontang-panting golet Sing uwis-uwis mesti diarah wong liya,mangkel tok anane Gusti..Gusti kepriwe kiye...


Wis dadi lumrahe wong lanang, apa maning seumurane inyong wis arep kepala telu mikirna jodo. Jere wong tuwa-tuwa wis mangsane mbok kelabasen mengko dadi bujang lapuk. Jan-jane ora usah disinggung-singgung nang wong utawa kanca batir, ndasku jane mikir terus nganti mod-modan malah.Tapi ya kepriwe maning durung diparingi ndean nang Pangeran. Dadi tek kilas balik, jaman aku umur 18-an jane ana sing tek demeni. Jaman aktif-aktife dadi remaja masjid. Ya ndesa-ndesaa kaya kiye ya "melek organisasi".Bocahe ayu,kulite kuning,pinter ngomong,mandiri,pokoke nang jama'ah putri remaja masjid deweke sing paling menonjol.Singkate jebule ya cintaku ora bertepuk sebelah tangan, wong kanca rakete ngomong karo aku nek deweke juga seneng karo aku. Bar kuwe aku dadi mandan kendel, tek dolani meng umahe. Sambutane jan hangat pisan, wong pancen deweke juga seneng karo aku. Aku dewek nganti yakin kiye bocah bakal dadi jodohku.Tapi dasar inyonge wong lanang kecing, pace, wis sinyale genah-genah full, lampune ijo eh ra wani ngomong. Bodo banget jan, kondisi kaya kiye ko tek lakoni nganti setahun.Hasile apa?Ya jenenge wong wadon mbok senenga kaya ngapa karo wong lanang mestine tetep ngenteni ditembung, ora ilok nek ora isin kon ndisite ngomong.Ucul akhire sedulur, ning sing dadi larani ati gutul siki,deweke kawin karo kancaku dewek,kanca sing gawene tek sengi nek "ngapel". Oalah jebule ya seneng juga. Dadiane kapan aku ya ra ngerti, soale nek nang sandingku pada pinter sandiwara seolah-olah ra ana hubungan apa-apa.Oh dasar...nasib. Ora usah nyalah-nyalahna wong liya dasare aku dadi wong lanang ra duwe mental juara ndean dadi pialane kena nang wong liya.Dadi judule "CINTA PERTAMA MEMBAWA DERITA". ( Beberapa tahun kemudian mereka menikah dan sekarang sudah dikarunia seorang anak perempuan berumur 3,5 tahun ). Bar kedadeyan kisah kuwe jan kehidupan cintaku rasane hampa ra nggenah.Kayane aku kiye tipe wong sing angger wis seneng karo wong wadon siji ya wis siji bae. Angel banget nglalenaken deweke, kayane nganti inyong mati ya ra bakal ilang rasa senengku. Tapi aku ya berusaha bangkit,jaman kuliah ya tau nyenengi bocah wadon maning tapi maning-maning kalah dalam persaingan. Kuliah 6,5 tahun enggane tau seneng karo bocah ( kanca kuliah ) mung sepisan. Sindrom cinta pertama ndean. Wis gari crita jaman ngode, rampung kuliah aku kerja dadi tukang survey wong sing arep kredit motor.Aku kerja ngakoni dadi tukang survey ana 18 wulan,terus dadi staff kantor 8 wulan sedurunge aku mutusna metu. Nang kantor ya ana sing tek senengi, bocah Jogya. Bocahe lugu banget, manis, karo pekerja keras. Cara jabatan pancen duwur kae setingkat,aku dewek ya ra yakin banget. Tapi nggo nglahiraken rasa senengku apa sing dadi deweke seneng ya tek usahakna. Nang kene semboyane "Ungkapkan cinta dengan memberi dan jangan pernah meminta". Basa liyane "Cinta tidak harus memiliki","Mencintai berarti membiarkan yang kita cintai bahagia dengan pilihan hidupnya". Akhire deweke juga nikah syukurlah olih pegawai negri, lewih begya maning 2 wulan sedurunge nikah deweke dimutasi meng Jogya bali meng kampung halamane. Dadi siki kepriwe,...Ok. Show must go on, jangan pernah menyerah, yakinlah "someone in somewhere sedang menunggumu"mestine dengan setulus hati dan sejujurnya mencintaimu.
*) Tulisan ini aku persembahkan buat Bidadari-bidadari yang pernah mengisi hari-hariku:F*****h, S***s dan A***m.Semoga kebahagiaan selalu menyertai kalian, doaku adalah wujud cintaku pada kalian.Hanya itu.

0 komentar